-->

Iklan Billboard 970x250

WISATA ALAM SINAMBI NGALAP BERKAH KANTHI ZIARAH ING GUNUNG BAGUS

Iklan 728x90

WISATA ALAM SINAMBI NGALAP BERKAH KANTHI ZIARAH ING GUNUNG BAGUS


Ziarah iku salah sawijining upacara tradhisional kang isih dileksanakake dening masyarakat Jawa nganti saiki. Tujuan saka ziarah iku macem-macem ana kang kanggo ngalap berkah kanthi njaluk panyuwun dening para leluhur, ana uga kan tujuane kanggo pangeling-eling dening para leluhur kang wus nuju prana. Ananging siji kang mesthi tujuan saka ziarah yaiku ziarah iku sarana kanggo refleksi masyarakat mligi Jawa karo sejarahe. Kanthi ziarah, manungsa iso kelingan meneh karo apa sing wis kelakon lan muga-muga ing sak pangarepe iso luwih apik katimbang sak pamburine.

Ziarah kang biasa dileksanakake dening masyarakat Jawa khususe masyarakat Gunungkidul, DIY, ora namung ziarah kanggo trahe dhewe ananging uga ziarah kanggo para leluhur kang nalika gesange biyen duwe kasekten kang ora kabeh manungsa duwe. Salah sijine papan ziarah kang kawentar saka Gunungkidul yaiku Gunung Bagus. Gunung Bagus iku dununge ana ing Dhusun Sodo, Desa Sodo, Kecamatan Paliyan, Kabupaten Gunungkidul.
Kanggo tumuju menyang papan ziarah iki gampang, sanadyan dalane ana sing munggah ndedel karo nggronjal. Dalan kanggo tumuju menyang Gunung Bagus iki wis diaspal kabeh, nanging ana dalan sing rada nggronjal amarga kerep diliwati lan ora tau didandani meneh. Umpama arak menyang tumuju Gunung Bagus kudu gawa motor dhewe utawa mobil dhewe amarga ora ana kendharaan umum ingkang ngliwati daerah utawa dalan kang tumuju menyang Gunung Bagus. Ana kendharaan umum, ananging kendharaan mau namung ngliwati pertigaan, sakteruse kudu mlaku dhewe sekitar 5 km amarga ning kana ora ana tukang ojek.

Ana ing Gunung Bagus, ora ana bakul kayata ning papan wisata utawa papan ziarah liyane amarga urung okeh wisatawan sing teka ing Gunung Bagus. Ana ing Gunung Bagus namung ana omah cilik sing biasa dinggo leren para peziarah. Dadi ana ing Gunung Bagus ora bisa tuku cindramata kanggo kenang-kenangan kayata papan liyane.

Kahanan alam ana ing Gunung Bagus iku apik banget amarga sakiwa tengene ana gunung-gunung sing ngubengi papan ziarah, hawane sejuk beda karo papan-papan liyane amarga okeh wit-witan sing gedhe, lan kahanan kuwi mau isih alami.

Biasane dina Slasa Kliwon utawa dina Jum’at Kliwon okeh peziarah sing ziarah ana ing Gunung Bagus. Peziarah kuwi ora mung saka daerah Yogyakarta, ananging pernah saka daerah Jakarta, Sumatera, Kalimantan, Lampung, lan daerah-daerah liyane. Wong padha ziarah ning Gunung Bagus ana sing tujuane mung ziarah biasa utawa nyekar, meditasi, ngirim donga, ananging ana sing tujuane nyuwun dagangane laris, munggah jabatan, lan liya-liyane. Ana ing papan ziarah Gunung Bagus uga iso shalat amarga ana ing sakngandhinge makam ana padasan. Dina utawa wektu ingkang rame yaiku pas dina sura utawa tahun baru Islam.

Wong kang ziarah ana ing Gunung Bagus kuwi bebas saka ngendi wae gratis ora mbayar, ananging umpama arak ziarah kudu jaluk ijin karo juru kuncine, amarga umpama ora nganggo juru kunci ora bakal iso mlebu ana ing makam. Lan ana ing makam ora sembarang wong iso jupuk gambar utawa motret ana ing makam, kudu ana ijin saka juru kuncine. Pernah ana uwong sing jupuk gambar makam, ananging ora ana ijin saka juru kuncine amarga ora percaya karo barang-barang kang ora masuk akal. Sakwise bar motret kamera mau langsung rusak ora iso dinggo meneh.

Makam ana ing Gunung Bagus kuwi ana telu yaiku makam Jaka Tarub, Dewi Nawangsih, lan makam Bondan Kejawen. Sejarah Jaka Tarub iki wis ditulis ana ing buku babad Tanah Jawa. Sejarah singkate, sawijining dina Jaka Tarub lunga ning Gunung kramat, ning Gunung kramat kuwi mau ana telaga, papan kanggo adus 7 widadari. Jaka Tarub jupuk salah siji slendhange widadari mau. Sakwise bubar utawa lebar adus 6 widadari mau bali ning khayangan, ananging widadari sing 1 bingung goleki slendhange, amarga yen ora nganggo slendhange kuwi mau ora iso mabur bali ning khayangan.

Nalikane widadari mau bingung, Jaka Tarub teka nulungi. Widadari sing duwe jeneng Dewi Nawangwulan mau gelem dijak mulih ning omahe Jaka Tarub. Jaka Tarub lan Dewi Nawangwulan wusanane nikah, banjur duwe anak jenenge Dewi Nawangsih.

Saksuwene dadi keluarga utawa bebrayan, Dewi Nawangwulan nganggo kasektene. Anggone ngliwet Dewi Nawangwulan mung ngliwet pari wulen. Pari wulen mau iso dadi sega sak bakul. Sawijining dina Dewi Nawangwulan ning kali ngumbahi, ning ngomah ninggal liwet karo anake Dewi Nawangsih sing isih bayi dimong karo Jaka Tarub. Dewi Nawangwulan pesen karo Jaka Tarub, ”aja sepisan-pisan ngungkapi liwet iki, sakdurunge aku bali”. Amarga penasaran, Jaka Tarub duwe niat ngungkapi liwet mau. Pas liwet mau diungkapi, jebul sing diliwet kur pari wulen, Jaka Tarub bingung. Nalika Dewi Nawangwulan bali saka kali, banjur niliki liwete koki ora dadi sega, Dewi Nawangwulan ngerti mesthi Jaka Tarub wis ngungkapi liwet iki. Amarga kuwi pari wulen mau ora dadi sega lan kasekten Dewi Nawangwulan ilang.

Nawangwulan nesu, banjur jaluk digaweke lesung kanggo nutu pari supaya iso diliwet. Sawijining dina nalikane Dewi Nawangwulan nutu pari, ngerti slendhang sing digoleki ndhisik. Ngerti sing jupuk slendhange kuwi Jaka Tarub, Dewi Nawangwulan nesu, banjur pengin bali ning khayangan. Jaka Tarub njaluk karo Dewi Nawangwulan supaya ora bali ning khayangan, nanging amarga tekad Dewi Nawangwulan wis mantep banjur bali ning khayangan. Amarga Dewi Nawangsih isih bayi, Dewi Nawangwulan mudhun ning donya kanggo nyusoni Dewi Nawangsih. Lesung sing digawe karo Jaka Tarub kuwi mau ana ing sakngandhinge SD Giring, Sodo. Umpama arak niliki saka Gunung Bagus namung cedhak.

Miturut juru kunci ana ing Gunung Bagus, Dwi Nawangwulan kuwi sing dadi Mbok Nyai Rara Kidul. Lan Dewi Nawangsih mau dirabike karo Bondan Kejawen. Bondan Kejawen iku anake Sunan Kalijaga lan selire. Jaka Tarub, Dewi Nawangsih, lan Bondan Kejawen dikubur ana ing Gunung Bagus daerah Gunungkidul ing desa Sodo, dhusun Sodo, kecamatan Paliyan.

Makam ana ing Gunung Bagus kuwi wis pernah dibangun lan dipugar ping telu, sepisan taun 1972, banjur taun 1973, lan taun 1999. Kabeh kuwi mau sing bangun saka pihak kraton Yogyakarta. 

Ini merupakan laporan budaya dengan anggota saya (Hendi Widyatmoko), Icak Andika, Rahajeng Berlianingtyas, Rohmat Ari, dan Fajar Kusworo Adi.
Baca Juga
SHARE
Subscribe to get free updates

Related Posts

Post a Comment

Iklan-iklan

loading...