-->

Iklan Billboard 970x250

WUJUD TEMBUNG ING BASA JAWA

Iklan 728x90

WUJUD TEMBUNG ING BASA JAWA



WUJUD (DHAPURING) TEMBUNG

Tembung-tembung punika miturut wujudipun utawi dhapuripun saged kapérang dados kalih golongan, inggih punika:
A.  Tembung Lingga
B.   Tembung ingkang sampun éwah saking lingganipun.

A. Tembung lingga inggih punika sadaya tembung ingkang dèrèng éwah saking asalipun.
       Kadosta:        jaranan, lingganipun: jaran
                          kepatèn, lingganipun: pati
                          karoban, lingganipun: rob
Déné tembung lingga ingkang dipunwastani asal utawi tembung ingkang dèrèng ngalami éwah-éwahan punika kathah-kathahipun saking tembung wod.
Tembung wod: suk, lajeng dados wonten tembung lingga pasuk, rasuk, rangsuk, susuk, isuk        lan sanès-sanèsipun.
Tembung wod: pis, dados tembung lingga: tipis, tapis, kempis, dhepis, lan sapiturutipun.
Tembung wod: lur, dados tembung lingga: uwur, siwur, kawur, mawur, sawur, lan                   sapiturutipun.
Nanging boten sedaya tembung lingga wonten wodipun. 

B. Tembung ingkang sampun éwah saking lingganipun.
Tembung ingkang sampun éwah saking linganipun, kapantha dados tigang golongan, inggih punika:
1.       Tembung andhahan
2.       Tembung ingkang dipunrangkep
3.       Tembung camboran 
4.       Tembung wancahan



1. Tembung andhahan
Tembung tekuk saged dipunwangun dados tembung warni-warni, kadosta: ditekuk, panekuk, tinekuk, tekukan, tekuk-tekukan, lan sanès-sanèsipun. Tembung-tembug punika wau sadaya kasebat tembung andhahan.
Déné tembung lingga saged éwah dados tembung andhahan punika awit saking dayaning wuwuhan. Wujuding wuwuhan wonten warni tiga, inggih punika:
a.    ater-ater, inggih punika wuwuhan ingkang mapanipun wonten ngajeng. Wujuding ater-ater wonten warni-warni, ing antawisipun:
     hanuswara = nya, ma, nga, na ;
     tripurusa (tak/dak, ko, di),
     ku, ké, sa, pa, pi, pra, tar, kuma,
kapi, a, ma, pan, pang, lsp.
b.    seselan, inggih punika wuwuhan ingkang mapanipun ing satengahing tembung, inggih punika: um, in, el, er.
c.    panambang,  inggih punika wuwuhan ingkang mapanipun ing pérangan wingking tembung, kadosta: a, i, e, an, en, ana, aké, na, né, ku, mu.

Pandhapukipun tembung andhahan saking tembung lingga, saha éwah-éwahanipun dipunwastani ngrimbag. Déné rimbag ing tembung punika wonten warni-warni namanipun, ing antawisipun: lingga andhahan, tanduk, tanggap lan bawa ka, pakon utawi hagnya, tandang lan sananta, sambawa, bawa, guna/adiguna, wisésa -na, bawa wacaka jawa wacaka, kriya wacaka karana wacaka. a. Lingga andhahan
Wonten sawetawis tembung ingkang sejatosipun sampun dados tembung andhahan, ananging dipunanggep kados tasih tembung lingga. Sebabipun amargi tembung wau tasih saged dipunwuwuhi ater-ater, panambang, lan seselan kados déné tembung lingga. Kados upaminipun:
omah,        dados lingga andhahan somah, tembung somah saged kadamel andhahan  malih upaminipun sesomahan.

ubeng,         dados lingga andhahan kubeng, tembung kubeng saged kadamel   andhahan malih upaminipun kinubeng. weruh,      dadoslingga andhahan kawruh, tembung kawruh saged kadamel andhahan malih upaminipun dikawruhi.

Wondéné ingkang kagolong lingga andhahan inggih punika:
1)    Tembung lingga ingkang pikantuk ater-ater sa, pa, pi, pra, tar, tra, ka. Tuladha: 
sa
: sa   +  iji           
= siji
 
  sa   +  olah       
= solah
pa
: pa   +  omah 
= pomah
 
  pa   +  mong 
= pamong
pi
: pi   +  wulang
= piwulang
 
  pi   +  andel 
= piandel
 
  pi   +  tutur       
= pitutur
pra
: pra +  kara        
= prakara
 
  pra +  lambang
= pralambang
 
  pra  + jurit        
= prajurit
ka
: ka   +  ubeng 
= kubeng
 
  ka   +  wruh 
= kawruh
 
  ka   +  arsa       
= karsa 
sadaya tembung ingkang pikantuk ater-ater sa, pa, pi, pra, ka, kalebet jinising tembung aran.
tar
: tar  +  tamtu 
= tartamtu
 
  tar  +  buka       
= tarbuka
 
  tar  +  waca 
= tarwaca
 
  tar  +  kadhang
= tarkadhang

2)    Tembung lingga ingkang oleh ater-ater pan (ny), pam, pang. Kayata: pan:    pan + tiyung = pantiyung
              pan + telung = pentelung                                 
              pan + colot        = pencolot                    
              pan + thèlès     = penthèlès                  
              pan + jete          = penjété                        
              pan + dhelis       = pendhelis.
Sadaya tembung ingkang pikantuk ater-ater pan (ny), pam, pang, kalebet jinising tembung kahanan.

3)    Tembung lingga ingkang pikantuk seselan: er, el.
Sejatosipun seselan er, el punika seselan ingkang namung sawarni, pramila kala mongsa lajeng saged lira-liru. Kadosta krelip utawi klelip.  Wondene pangetrapipun ing tembung wonten ing sawingkingipun aksara purwanipun lingga, tuladha: k (er) + elip    g  (er) + andhul    b  (el) + èbèr    g  (el) + ereng
Tembung ingkang apurwa swara menawi pikantuk seselan el, er, purwanipun dipukantheni k. 
Tuladha: abang + er 
: krabang (krabing)
                  engkat-engkit
: krengkat-krengkit
                  enggas-enggos
: krenggas-krenggos
                 enggèh          
: krenggèh
                 ogèl              
: krogèl
                 uget              
: kruget
                 èwèr             
: klèwèr
                 éwa               
: kléwa
                 uwer             
: kluwer
Sadaya tembung ingkang pikantuk seselan el, er, kalebet jinising tembung kahanan, pramila asring dipunkanthèni tembung pating ing ngajengipun.


Dipunanggit saking buku Wibawa kelas X tingkat SMA daerah Yogyakarta


Baca Juga
SHARE
Subscribe to get free updates

Related Posts

Post a Comment

Iklan-iklan

loading...