-->

Iklan Billboard 970x250

Contoh Cerkak Basa Jawa Gusti Maha Welas

Iklan 728x90

Contoh Cerkak Basa Jawa Gusti Maha Welas



Wektune wis kira-kira jam songo esuk. Anggota perangkat desa ing Desa Mulya Agung wis padha teka, apa maneh dina iku bakal ana rapat ruwat bumi sing bakal dianakake suk sasi ngarep. Tradisi ruwat bumi iku dianakake pendak telung tahun sepisan. Warga kirap mubeng desa ngarak wulu wetuning desa kono kanthi dientha-entha gunungan. Bubar iku sing uwis, njur diterusake tontonan, sing paragane ya warga kono wae, kanthi mentaske budaya seni sing wis padha disiapake. Mengko minangka panutup wayangan sewengi natas ing bale desa.

Pak lurah gumun, dene Pak Mardi sing tukang reresik bale, nata meja kursi sing arep kanggo rapat kok malah ora mlebu. Gek ana apa? Mangka adat saben, Pak Mardi tukang kebon kuwi teka mesthi gasik, gaweyan sing dadi jejibahane ditandangi sak-sek, sedhela wae wis rampung njur ganti nandangi gaweyan liyane. Mula bareng perangkat desa wis pepak, lan rapat arep diwiwiti, pak lurah medal neng pawon nggoleki bu lurah njur ngendika :

“Bu, nek pawon wis akeh sing rewang nandangi kanggo nyunggata sing rapat, mbok kana neng omahe Pak Wiro ditiliki, geneya kok ora teka nyambut gawe?” Bu lurah sumaguh, lan terus tindak neng nggone Pak Wiro.

Tekan kana omahe tinemu tutupan suwung. Gek dha menyang ngendi? Anake Pak Mardi mono lanang wadon, Doni lan Mita. Doni wis ana STM klas II Mesin, dene Mita lagi klas III SMP wis arep ujian. Bocah loro kuwi padha maju sekolahe, ora tau nunggak. Mulih sekolah ya dha ngerti ngrewangi gaweyan wong tuwa. Yen libur Doni kerep nggenteni bapakne, gaweyan reresik kebon lan nata bale sawise bubar kantor. Ora mokal yen pak lurah sakulawarga remen karo anak-anake Pak Mardi sing padha sregep lan nurut kuwi.

Bu lurah pirsa omahe Pak Mardi tutupan, njur tindak neng omah wetane nggone Mbokdhe Inem, sing kebeneran wonge lagi reresik sumur. Nuli ngendikane :

“Mbok Inem!, griyane Pak Mardi niku kok tutupan, tiyange sami teng pundi ?”Mbok Inem ndengengek karo nyedhak mangsuli :

“O? Bu Lurah, anu Bu, Pak Mardi niku ngeterke Mbok Mardi teng Puskesmas, empun tigang dinten sambat mumet, malah wingi nggih empun kulo keroki. Criyose Pak Mardi, wau dalu mboten saget tilem gek badane criyose benter sanget. Mila wau mruput diboncengke sepeda dibekta teng Puskesmas.” Bu lurah manthuk-manthuk karo ngendika :

“O…. ngoten ta Mbok Inem, nuwun nggih disukani sumerep, mangkeh kula aturne Pak Lurah?.

Bubar ngendika ngono bu lurah banjur kondur. Esuke Pak Mardi wis nyambut gawe kaya adate, dene pak lurah sawise dilapuri garwane, ya ora ndangu apa-apa karo Pak Mardi. Ning sorene pak lurah sekalihan merlokke tilik neng omahe Pak Mardi, ngaruhke bojone sing jare lara.

Tenan, tekan ngomahe Pak Mardi kabeh ngumpul nunggoni sing lara. Pak lurah sekalihan uga banjur mlebu neng senthong peturone Mbok Mardi. Nalika wis tekan ngarep lawang, ndadak keprungu lagi padha sembahyang Pak Mardi sing mbawa. Pak lurah kandheg ora sida mlebu supaya ora ngganggu.

Panjenengane pirsa, yen Pak Mardi sabrayat wong sing tumemen ngibadahe, sregep neng nggreja, uripe neng masyarakat apik, lan tinresnan ing tangga teparo, tansah pinter momong sok sopoa, lan ora tau gawe rugi lan serik ing liyan. Bareng wis sepi tandha rampung anggone padha sembahyang, pak lurah sekalihan banjur alon-alon mlebu nuli ngendikane :

“Piye Mbok Mardi, laramu??

“O Pak… Bu…. Lurah, matur nuwun dipun rawuhi, sakit kul…. kula sam….. sampun kath…… kathah sud……. sudanipun…….? Wangsulane pedhot-pedhot, Pak Mardi sambung atur :

“Ngendikanipun Dokter, Pak Lurah, semah kula punika namung kekathahen mikir.”

“O….. mikir apa ta Mbok Wiro?”pandhangune pak lurah alon-alon.

“Anu Pak Lurah…. dhenok Mita punika wingi criyos, yen piyambakipun mboten kepareng ndherek ujian dhening guru klasipun, awit…. awit…..? Mbok Mardi ora bisa nerusake matur, ning njur brebel……. mripate kekembeng luh. Semono ugo Mita sing nyanthuk nunggoni njur melu prembik-prembik nrocos mripate. Pak lurah lan garwane saya kepingin banget ngerti sebabe. Nuli ngendikane bu lurah :

“Yu Mardi…! wis ta blaka wae neng Pak Lurah lan aku, supaya atimu entheng lan laramu gelis mari”. Pangatake bu lurah. Mbok Mardi mung srikutan tangane ngulapi luhe, panyawange diuncalake marang Mita anake sing ana ing sisihe. Bu Lurah tanggap, yen Mbok Mardi ewuh anggone arep matur, mula pak lurah sekalihan banjur ngajak metu Marti neng ngomah ngarep. Bareng Mitai wis didhawuhi lungguh ing lincak, pak lan bu lurah njejeri Mita neng kiwa tengene karo ndangu :

“Sejatine Mbokmu kuwi mikir apa ta Ta, kowe kondhoa blaka, mengko yen bisa aku lan Bu Lurah mesthi bakal ngrewangi ngentheng-enthengke”. Mita isih meneng wae ketok yen wedi. Ning gandheng karo bu lurah didhedhes terus, mula karo nangis ature :

“Pak Lurah… Bu Lurah….., Simbok sisah margi kula mboten angsal ndherek ujian awit dereng mbayar arta SPP kawan wulan, lan arta ujian ingkang kathahipun sedaya wonten kawan atus pitung ndasa ewu rupiyah.” Ature Mita karo kesesegen.

“Wis…… wis….. wis…. Mita, yen kuwi sing nyebabke Mbokmu lara, kowe sesuk tak cukupi, mlebua sekolah ngaturke dhuwit kuwi neng gurumu”.

“Ning Pak…….. Bu Lurah….. criyosipun Simbok, sampun kathah sambutanipun Simbok dhateng Bu lurah, ingkang sepriki dereng saget ngunduraken. Mila Simbok ajrih matur, sajakipun Simbok kejudhegan. Kula ngertos Pak… Bu…., menawi dalu Simbok mboten saget tilem, tansah klisikan. Lan wusananipun lajeng sakit punika”.

“Wis…. wis….. Bune, ayo saiki awake dhewe nyedhak Mbok Mardi karo Mita pisan, mengko tak kandha. Ngendikane pak lurah karo nggandheng sing putri lan Mita bali mlebu neng peturone Mbok Mardi. Pak lurah karo garwane nyedhak njur ngendika karo Mbok Mardi ngene :

“Mbok Mardi, sampeyan ora sah susah, sesuk esuk Mita ben mlebu sekolah karo nyaoske dhuwit SPP sing patang sasi kuwi karo dhuwit ujian, supaya mbesuk bisa ujian. Kuwi dudu dhuwit utangan sing sampeyan kudu nyaur, ning tak paringke Mita supaya bisa melu ujian.? Rampung ngendikane pak lurah bu lurah sambung :

“Yu Mardi, utangmu neng aku sing mung mbaka sithik kanggo tambal butuh kuwi, ora usah mbok saur. Aku rila lahir batin. Saiki pikiran sampeyan digawa ayem ben enggal waras. Perlune yen ana kerepotanku, sampeyan, Kang Mardi, lan bocah-bocah bisa bareng-bareng ngrewangi”.Bubar ngendika ngono, pak lurah sekalihan nyalami Mbok Mardi, Pak Mardi lan Mita banjur pamit kondur. Pak Mardi lan Mita nguntapke tekan latar. Nalika bali mlebu, Mbok Mardi wis bisa lungguh, weruh anake mlebu, tangane diathungake Mita, dene Mita ya njur nubruk mbokne.

Kekarone rangkulan keket karo tetangisan disekseni Pak Mardi sing lungguh dheleg-dheleg neng waton amben. Tangis kabungahan sing tanpa upama.

Sawise padha adheng tangise, Mbok Mardi isih karo ngrangkul Mita kandha:

“Nok Mita lan kowe Bapakmu, tikel-tikelna olehmu caos atur panuwun marang Gusti, syukur ing kabeh peparinge, lan uga dene Gusti tansah midhangetke panyuwunanku, anggonku tansah dhedheku, ing ngarsa dalem”. Karo isih nggondhok-ondhok wangsulane Pak Mardi :

“Iya mbokne, mula dadi wong mono aja sumelangan, janji eling tansah ndedonga nyuwun lan mbudidaya, Gusti tansah bakal paring pitulungan.? Mita sambung :

“Iya ya Pak… Mbok….., Gusti olehe peparing lumantar Pak…. lan Bu Lurah”. Pak Mardi ngedhongi kandhane anake :

“Iya nok, Gusti kuwi pancen Maha Welas lan Asih.” Bubar iku wong telu banjur sembahyang ing mesjid mirunggan bebarengan. kaluarga pak Mardi tansah matur nuwun lan syukur ingkang Gusti Maha Welas lan Asih.
Baca Juga
SHARE
Subscribe to get free updates

Related Posts

Post a Comment

Iklan-iklan

loading...