-->

Iklan Billboard 970x250

Contoh Sesorah Tema Budaya (Ngajeni Tiyang Sepuh)

Iklan 728x90

Contoh Sesorah Tema Budaya (Ngajeni Tiyang Sepuh)



Assalamualaikum wr.wb

Dewan pambiji ingkang kinurmatan saha para kanca ingkang kulo tresnani.

Ingkang sepisan mangga kula lan panjenengan sadaya tansah ngunjokaken raos puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Kang Maha Asih, ingkang sampun paring sedoyo rohmat lan kanikmatan saengga kulo lan panjenengan ing wekdal menika taksih saged kempal ing mriki kanthi pinaringan karaharjan nir ing sambekala. 

Para rawuh ingkang minulya, 

Kulo lan panjenengan sedoyo sampun sami mangerteni jaman sakmenika beda kaliyan jaman rumiyen. Tuladhane mawon jaman samenika ngalami ewah-ewahan jaman ingkang namine globalisasi. Globalisasi yaiku jaman anggenipun informasi ing monco gampang dipun goleki, saengga sakedhik-sakedhik kabudayan saking monco saget mlebet lan ngewahi kabudayan kula lan panjenengan sedaya. 
Kabudayan sakmenika wonten engkang sae lan engkang awon. Umpami bab engkang sae yaiku anggenipun manfaataken wekdal damel aktivitas mboten di sio-sioaken saengga saget duweni watak engkang mulyo ing perkara wektu.
Kabudayan engkang awon sanesipun koyoto budoyo ngajeni utamine ngajeni marang tiyang sepuh.

Para rawuh ingkang kula tresnani, 
Wonten kabudayan kulo lan panjenengan sadaya, budoyo ngajeni meniko beda-beda antawisipun dhumateng tiyang sepuh lan kanca. Tiyang sepuh prayogane kedah dikurmati amargi piyambakipun langkung sepuh tinimbang kula lan panjenengan sedaya. Caranipun ngajeni kaliyan tiyang sepuh yoiku sopan, santun, lan migunakaken boso engkang langkung alus utawi migunakaken boso kromo. 
Beda anggenipun ngajeni marang konco. Nalika kaliyan konco ingkang sampun dipuntepangi, anggenipun gineman mboten perlu ngagem boso kromo lan mboten perlu sesopan kados kaliyan tiyang sepuh. Bedanipun ngajeni marang konco ingkang sampun dipuntepangi lan tiyang sepuh puniko ndadosaken wontene hormat kaliyan tiyang engkang langkung sepuh. Ananging menawi kula lan panjenengan sedaya nembe pisanan kepanggih tiyang sanes, sanajan saumuran, mila perlu dipunajeni kanthi gineman ngginakaken basa krama. 
Para rawuh ingkang minulya, 
Jaman samenika ngajeni marang konco lan tiyang sepuh raose mboten wonten bedane, kayoto budaya bongso sanes engkang mboten butuhaken tata krama, umpami ngajeni dhateng tiyang ingkang langkung sepuh yuswoipun. Ginemen boten perlu tatakrama basa, boten perlu tataran basa kados wonten ing tataran basa Jawa. Menika nedahaken bilih kabudayan ngajeni sampun luntur lan kaganti kaliyan kabudayan bongso sanes.

Para rawuh ingkang kula tresnani, 
Kabudayan sae saking monco angsal dipuntiru, nanging engkang awon kedahipun mboten sah dipuntiru. Amargi kabudayan engkang mboten sae malah dipuntiru, mila kabudayan bongso Indonesia sakedhik-sakedhik luntur. Mula mangga sesarengan Kabudayan ingkang sae menika dipunjaga lan dipulestantunaken saengga dados ciri bongso kula lan panjenengan sedaya. Supados budaya kula lan panjenengan sedaya mboten kegeser kaliyan budoyo monco, mila kula lan panjenengan sedaya kedah nindakake budoyo ngajeni engkang sae ing saben dintenipun. Amargi budaya minangka cermin bangsa. 

Cekap semanten saking kula. Mbok bilih wonten kalepatan atur lan solah bawa ingkang boten mranani penggalih panjenengan sedaya kula nyuwun agunging samudra pangaksami. 

Matur nuwun. 

Wassalamu’alaikum wr.wb
Baca Juga
SHARE
Subscribe to get free updates

Related Posts

Post a Comment

Iklan-iklan

loading...